This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Friday 15 June 2012

makalah wayang kulit fatkhur



MAKALAH
SEJARAHIPUN WAYANG
Makalah menika dipunserat kangge njangkepi
tugas Mata Pelajaran Bahasa Jawa.








Dening :
Nama  : Muhammad Fatkhur Rohman P
No       : 27
Kelas   : XI IPS 5
SMA NEGERI 3 SUKOHARJO
TAHUN PELAJARAN 2011/2012
PURWAKA
Puji Syukur hamung konjuk wonten ing ngarsaning Gusti ingkang asipat welas lan asih awit saking sih wilasa-Ipun kula saged ngrampungaken makalah “SEJARAHIPUN WAYANG” menika. Makalah menika karipta adhedhasar kepengin nglestantunaken kabudayan jawi inggih menika wayang. Makalah menika migunani tumrap soksintena ingkang kepenginmangertosi kaliyan kabudayan Jawi ingkang gegayutanipun kaliyan wayang.Makalah menika ngandharaken pangertosan wayang sarta sejarahipun wayang menika. Wayang ingkang sakmenika taksih dipunjagi lan dipunpriksani tumrapsoksintena badhe musna.Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sasintena kemawoningkang sampun kersa paring pitedah, palilah, saha panyengkuyung amrihmawujudipun makalah menika.Kula tansah nyenyadhong pitedah sarta wewarahipun pranupiksa ingkangmaos makalah menika, temah makalah menika saged nyembadani pamundhutipun para maos. Nuwun.







                                                                                        Sukoharjo,    Juni 2012
                                                                                                     Penulis

                                                                                               M Fatkhur R P

BAB I PAMBUKA
A. Wigatosing Rembag
Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau dening kawula muda. Budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. Satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang.
Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawésaka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kangmanéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngénéiki ora pati akeh ditemoni.
B. Ingkang Wigatos Dipunrembag
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusus ipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipun penggalih khusus ipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok wargandonya sanesipun.
C. Kekajengan Ingkang Dipunrembag
Wonten 3 perkawis ingkang dipunaturaken wonten makalah menika :
1. Menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2. Kados pundi sejarahipun wayang?
3. Kados pundi sebutanipun wayang menika?
BAB II WAOSING PIREMBAGAN
1.     Pangertosan Wayang
Wayang menika pagelaran ingkang ngagem boneka umumipun. Wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipun damel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah.
2. Sejarahipun Wayang
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi singana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wisono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sak durunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karodening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa.Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mauiya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang.
Kacarios woten ing wiwitaning tahun masehi, bangsa Hindu ingkang asalinipun saking Jazirah India kathah ingkang sami datheng dados imigran ing Indonesia. Lajeng kebudayaan Hindu-Budha menika pungkasanipun saged dipuntrima dening masyarakat Jawi. Wonten ing jaman menika, basa Sansekerta sampun dipunagem dening kalangan bangsawan ingkang salajengipun mempengaruhi basa asli Jawa tuwin Bali. Wonten ing mriki kesenian wayang kaliyan bangsa Hindu dipunagem dados wadah ngembangaken tuwin wedharaken budaya agami Hindu wonten ing carios Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados mekaten menika lajeng ndadosaken campur tuwin manunggalaken budaya asli Indonesia kaliyan Hindu. Kesenian wayang ndadosaken agami Hindu cepet nyebar, ngresep tuwin dipuntampi dening masyarakat.
Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah wou, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire bisa diterima dening penduduk asline Indonesia. Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kenekesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat cerita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia. Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu. Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh singditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu. Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan indahe.
Kocap cinarita terus wayang – wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kenesing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji.
Wayang singwujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat sak njabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber. Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wiswiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprenewujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.
3. Sebutan Wayang
Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wisora bisa diugemi maneh. Wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane. Wayang golek kang digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

BAB III PANUTUP
Crita kang dilakonake dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngene iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayang ditanjepke ing debog ing sisih tengen lan kiwane dhalang. Ing tengah, critane digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar. Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liyaing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni dening UNESCO ing tangga l7  November  2003, dadi karya kabudayan kang edi peni ing babagan crita dongeng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of  Humanity).
Wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika : Wayang Golek, Wayang Thengkul Bojonegoro, Wayang Krucil, Wayang Purwa, Wayang Beber, Wayang Uwong, Wayang Gedog, Wayang Sasak, Wayang Calonarang, Wayang Wahyu, Wayang Menak, Wayang Klitik, Wayang Suluh, Wayang Papak, Wayang Madya, Wayang Parwa, Wayang Sadat, Wayang Kancil.






DAFTAR PUSTAKA
http://id.wikipedia.org/wiki/Wayang
http://suebeus.blogspot.com/2009/…/wayang-seni-tontonan-dan-tuntunan.
http://wayang.wordpress.com/
Tirtohamidjojo, S. 1987. Wayang: ilmu pengetahuan hidup. Universitas Michigan: Wiratama Prasetya Sakti.